Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Lirik Lagu ELing-Eling Siro Manungso


Lirik Lagu ELing-Eling Siro Manungso

Ling-Eling Siro Manungso
Temenono anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekanan
Malaikat juru pati

Luwih loro luwih susah
Rasane wong nang neroko
Klabang kores kolojengking
Klabang geni ulo geni
Rante geni gada geni
Cawisane wongkang durhoko
Gumampang dawuh pangeran
Dasar tan manut prentahe tuan

Luwih mulyo luwih mukti
Rasane wong neng suwargo
Pitung puluh widodari
Kasur babut den cawisi
Cawisane wongkang bekti
Dawuh pengeran kang moho suci
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kula

Agami Islam Agami Kula
Kitab Qur’an panutan kula
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kula

Post a Comment for "Lirik Lagu ELing-Eling Siro Manungso"